Monday, September 26, 2011

Ajar Micara

  1. Matur nuwun : digunakake ing paguneman kanggo nglairake rasa sukur lan panuwun.
  2. Sugeng enjing : salam kang diucapake nalika ketemu kanca, sedulur, utawa sapa wae ing wayah esuk.
  3. Nyuwun pamit : digunakake ing paguneman nalika pamit bali saka mara tamu.
  4. Ndherek langkung : diucapake nalika mlaku ana dalan nuli nglewati wong kang lagi jejagongan.
  5. Ndherek bingah : digunakake ing paguneman kanggo nglairake rasa melu senang/melu ngucapna syukur.
  6. Sugeng rawuh : digunakake nalika mbageake tamu.
  7. Nyuwun pangapunten : digunakake ing paguneman nalika njaluk pangapuro.
  8. Sugeng sonten : salam kang diucapake nalika ketemu kanca, sedulur, utawa sapa wae ing wayah sore.
  9. Ngaturaken kawilujengan :  digunakake nalika mbageake tamu.
  10. Sugeng kondur :  salam kang diucapake nalika ana tamu kang mangkat mulih.
  11. Nyuwun pangestu : diucapake nalika njaluk pandonga saka bapak utawa ibu.
Sumber : Haryono dkk. (2011). Sinau Basa Jawa Gagrag Anyar Kelas VI SD/MI. Yogyakarta : Yudhistira. Halaman : 3

1 comment: