Monday, September 26, 2011

Kawruh (Wulangan 1)

  • adol ayu : ngendelake ayune
  • adol bagus : ngendelake baguse
  • adol gawe : ngatonake panggaweane
  • adol kringet : nyambut gawe
  • bening atine : sumeh
  • mbuwang tilas : nutupi tumindake sing ala
  • cagak lek : camilan supaya betah melek
  • cagak urip : kanggo nyukupi kebutuhan uripe
  • cancut taliwanda : sumadya tandang gawe
  • cepak rejekine : gampang oleh rejeki
  • cilik atine : kuwatir/wedi
  • cupet atine : gampang nesu
  • cupet budine : ora bisa nggayuh kautaman
"Sing bisa rumangsa, aja rumangsa bisa"
Tegese : wong kuwi tansah kudu bisa rumangsa marang awake dhewe, samadya, ora terus kabeh dianggep bisa utawa ngangah-angah, diayahi kabeh.

No comments:

Post a Comment