Monday, September 26, 2011

Tembung Garba lan Tembung Entar

1. Tembung Garba
Tuladha :
  • Bima nyirami kembang ing plataran.
    kembang = sekar
  • Tari lara mata merga klilipen.
    mata = perangane awak kanggo ndeleng/nyawang
  • Tangane sing kecethit dipijetake.
    tangan = perangan awak sing kanggo gumlawat
2. Tembung Entar
Tuladha :
  •  Asri dadi kembang desa ing desaku.
    kembang desa = pepujaning priya
  • Matane ijo nalika weruh dhuwit.
    matane ijo = seneng
  • Ngati-ati bocah kae dawa tangane.
    dawa tangane = seneng colong jupuk / clemer
Kalau dalam Bahasa Indonesia, tembung garba = kalimat denotasi (bermakna sesunguuhnya), sedangkan tembung entar = kalimat konotasi (bermakna khias).

Tuladha Tembung Garba
  • Pejabat sing korupsi dadi kembang lambe warga.
  • Omonganmu sing nylekit kuwi gawe abang kupingku.
  • Wong nggegem tangan kuwi wae kuwi adoh rejekine.
  • Aja sok gawe lara atine wong liya, ora becik.
  • Bocah kok tipis lambene, apa-apa dicatur.
  • Dewi gedhe tekade melu lomba nembang.
  • Oleh juwara ateges ora mung ngemut driji.
  • Ora dadi juwara, Mardi ora cilik atine.
  • Lagi ditimbali wae, kancaku wis entek atine.
  • Para juri lomba wis jembar kawruhe.
  • Aja nganti kadaluwarsa, sinau kuwi wiwit cilik.
  • Pikire landhep dengkul, diterangake angel.
  • Masa bodhoa kabel cukupana dhisik!
  • Wis direwangi meres kringet wae durung bisa cukup.
  • Wis kebacut tatu atine, nadyan dirih-rih tetep mental.
  • Weruh mesin jahit iku, Reni gatel tangane.
  • Banu pancen landhep pikire, diterangake sedhela langsung mudheng.
  • Sing jembar segarane yo, Kang! Sing uwis yo uwis.
  • Dewi pancen cilik atine, gampang nesu yen digodhani.
  • Marco pancen kandel kupinge, dituturi kaping seket buntet ora tau manut.
  • Aja mung kakehan lambe, talk less do more wae lah.
  • Yen wis dadi wong sukses, aja gedhe endhase marang liyan yo, Nang!
  • Sanadyan sampeyan ki "sudah jatuh tertimpa tangga", sampeyan kudu dawa ususe.
  • Esuk-esuk kok peteng ulate. Ono masalah apa to, Mbakyu?
  • Banu kuwi pancen amba jangkahe. Isih umur 25 tahun wae bisnise wis tekan mancanegara.
Sumber : Haryono dkk. (2011). Sinau Basa Jawa Gagrag Anyar Kelas VI SD/MI. Yogyakarta : Yudhistira. Hal : 7-8 

    No comments:

    Post a Comment