- adol ayu : ngendelake ayune
- adol bagus : ngendelake baguse
- adol gawe : ngatonake panggaweane
- adol kringet : nyambut gawe
- bening atine : sumeh
- mbuwang tilas : nutupi tumindake sing ala
- cagak lek : camilan supaya betah melek
- cagak urip : kanggo nyukupi kebutuhan uripe
- cancut taliwanda : sumadya tandang gawe
- cepak rejekine : gampang oleh rejeki
- cilik atine : kuwatir/wedi
- cupet atine : gampang nesu
- cupet budine : ora bisa nggayuh kautaman
Tegese : wong kuwi tansah kudu bisa rumangsa marang awake dhewe, samadya, ora terus kabeh dianggep bisa utawa ngangah-angah, diayahi kabeh.